Kidungan kelompok 5/9K

 Kidungan 2 gatra : 


Moral 2 gatra : 

-Marsha senengane dolanan

Marang wong tuwa kudu sopan


- Ainur kelakuane barbar 

Dadi wong kudu sabar


- Manuk nuri mabur dhuwur

Tindakake sing bener lan jujur


Pendidikan 2 gatra  : 


-Putri tumbas celana

Aja males belajar saden dina 


-mangkat sekolah numpak sekuter

Ayo sekolah ben padha pinter


-pak arip mangan soto

Lak ulangan ojok podo nyonto


-pak koko dodolan tahu

Ayo podo sregep sinau



Sosial 2 gatra : 

-bu dadi seneng membantu

Yen urip ojok lali bantu


-papa pipin numpak kapal

Yen dadi arek ojok nakal nakal


-mas budi anake siji

Ayo podo melu kerja bakti


-pak agus gowo sajadah

Yen dadi menungso ojok lali beribadah



Kidungan 4 gatra : 


Sosial 4 gatra : 


-pak ahmad mlaku mlaku karo bojo

mole ne tuku telo

Suwe ora keremu konco.

ketemu pisan mung sedelo


-mole mole ketemu sugiono

sesok e ketemu bakol tempe

Yen eling sambangono

ojo gawe loro atine


-pak koko ngombe kelapa

Menek atap benakne genteng

Wong susah kudu di pangga

Ben bebrayan tentrem langgeng

Moral 4 gatra : 

-bengi bengi tuku es campur 

Ketemu karo wong kayo 

Dadi wong kudu jujur

Supaya akeh sing percaya 


-Ainur senengane gawe omongan

Dinasehati ra ngerti ngerti 

Dadi wong kudu apikan 

Ben urip tentram lan damai


-Shifa lungo nang bali 

Siange mangan bakmi 

Sabar ae ra usah ditanggepi

Kabeh onok balesane seng adil 


-Bu ika mangan cucur lan serabi

Malam e mangan sate

Dadi wong kudu rapi

Ben wong enak ngeliat e


Pendidikan 4 gatra:

-isuk isuk enak e nyirami tanduran

Tanduran e cilik cilik 

Ilmu iku kaya cahya ing kehidupan 

Nggawe urip luwih becik 


-kucingku ana telu 

Bentuk e lucu lucu 

Ojok lali sregep sinau

Supaya sugih ilmu 


-mlaku mlaku tuku es puter 

Es puter e ojok dipangan dewean 

Dadi murid kudu pinter 

Supaya sukses ing masa depan 


Komentar